1 Tesalonika 1:9-10 Kitab Sutji (JAV)

9. Sabab wong-wong wis padha nyritakake dhewe mungguh ing ngatase aku sakanca kapriye anggonmu padha nampani aku kabeh sarta anggonmu padha ninggal brahala-brahala lan banjur mratobat marang Gusti Allah tuwin leladi marang Gusti Allah kang gesang lan sajati,

10. apadene nganti-anti rawuhe Kang Putra saka ing swarga, kang wus diwungokake saka ing antarane wong mati, yaiku Gusti Yesus, kan ngluwari kita saka ing bebendu kang bakal teka.

1 Tesalonika 1