9. Dhek biyen, ing antarane wong Israel, samangsa ana wong kang arep nyuwun pitedahe Gusti Allah, iku ngucap mangkene: “Payo padha sowan marang wong sidik,” awit nabi kang saiki iki dhek biyen disebut: wong sidik.--
10. Saul banjur tutur marang bature: Panemumu iku becik. Payo padha mrana!” Wong loro mau banjur padha mangkat menyang ing kutha, menyang ing daleme abdine Gusti Allah mau.
11. Bareng tekan ing unggah-unggahane kutha iku, kapethuk para prawan kang padha metu arep ngangsu. Banjur padha takon marang prawan-prawan iku: “Tiyang sidik punapa wonten ing ngriki?”
12. Wangsulane para prawan mau: “Inggih wonten, saweg kemawon ngrumiyini sampeyan, sampeyan enggal-enggal kemawon sapunika. Panjenenganipun ing dinten punika rawuh wonten ing kitha, amargi wonten sidhekahan saos kurban kangge tiyang kathah ing tetengger.
13. Manawi sampeyan mlebet ing kitha, tamtu enggal pinanggih, saderengipun panjenenganipun minggah ing tetengger badhe dhaharan. Awit tiyang kathah boten badhe nedha saderengipun panjenenganipun rawuh, ujer panjenenganipun ingkang mberkahi kurban, sasampunipun punika para suruhan sami nedha. Enggal sampeyan mangkat sapunika, sampeyan mesthi enggal pinanggih.”
14. Banjur padha munggah menyang ing kutha; bareng padha mlebu ing kutha kebeneran Nabi Samuel arep tindak minggah menyang ing tetengger, kapethuk karo wong loro iku.