1 Samuel 9:18-25 Kitab Sutji (JAV)

18. Ing nalika iku Saul nyedhaki Nabi Samuel ana ing satengahe gapura lan matur: “Kula nuwun, pundi dalemipun tiyang sidik punika?”

19. Nabi Samuel tumuli mangsuli Saul, pangandikane: “Wong sidik iku iya aku iki. Munggaha ndhisikana lakuku menyang ing tetengger. Ing dina iku kowe bakal dakajak mangan bebarengan karo aku. Sesuk kowe dak lilani mulih lan aku bakal nyumurupake marang kowe sarasaning atimu.

20. Dene kuldimu kang wis ilang saprene wis telung dina, ora susah kok sumelangake, amarga wis ketemu. Nanging sapa kang ndarbeni apa kang dikarepake wong Israel? Iku kabeh rak tinemu ana ing kowe lan sakehe kulawargamu?”

21. Nanging Saul mangsuli: “Kula punika rak tiyang taler Benyamin, taler ingkang alit piyambak wonten ing Israel? Lan malih kulawarga kula punika rak ingkang remeh piyambak ing antawisipun taler Benyamin? Kados pundi Rama kok ngandika makaten dhateng kula?”

22. Sawuse iku Nabi Samuel ngajak Saul lan bature dikanthi menyang pendhapa lan dilungguhake ing panggonan kang mulya dhewe ana ing ngarepe para suruhan, cacahe kira-kira telung puluh.

23. Nabi Samuel tumuli ngandika marang juru olah-olah: “Tengkelan kang dakwenehake marang kowe supaya koksimpen mau, ladekna mrene.”

24. Juru olah-olah banjur ngladekake sampil dalah apa kang kumanthil ing kono ing ngarepe Saul. Lan Nabi Samuel banjur ngandika: “Delengen, ngengehane diladekake ana ing ngarepmu, iku panganen, amarga pancen dingengehake kanggo kowe ana ing pahargyan iki, nalika aku tutur, yen aku ngulemi wong akeh.” Mangkono ing dina iku Saul ndherek dhahar Nabi Samuel.

25. Sawuse iku padha mundhur saka ing tetengger menyang ing kutha. Nabi Samuel banjur ngandikan karo Saul ana ing payon.

1 Samuel 9