1 Samuel 9:10-17 Kitab Sutji (JAV)

10. Saul banjur tutur marang bature: Panemumu iku becik. Payo padha mrana!” Wong loro mau banjur padha mangkat menyang ing kutha, menyang ing daleme abdine Gusti Allah mau.

11. Bareng tekan ing unggah-unggahane kutha iku, kapethuk para prawan kang padha metu arep ngangsu. Banjur padha takon marang prawan-prawan iku: “Tiyang sidik punapa wonten ing ngriki?”

12. Wangsulane para prawan mau: “Inggih wonten, saweg kemawon ngrumiyini sampeyan, sampeyan enggal-enggal kemawon sapunika. Panjenenganipun ing dinten punika rawuh wonten ing kitha, amargi wonten sidhekahan saos kurban kangge tiyang kathah ing tetengger.

13. Manawi sampeyan mlebet ing kitha, tamtu enggal pinanggih, saderengipun panjenenganipun minggah ing tetengger badhe dhaharan. Awit tiyang kathah boten badhe nedha saderengipun panjenenganipun rawuh, ujer panjenenganipun ingkang mberkahi kurban, sasampunipun punika para suruhan sami nedha. Enggal sampeyan mangkat sapunika, sampeyan mesthi enggal pinanggih.”

14. Banjur padha munggah menyang ing kutha; bareng padha mlebu ing kutha kebeneran Nabi Samuel arep tindak minggah menyang ing tetengger, kapethuk karo wong loro iku.

15. Anadene Sang Yehuwah sadina sadurunge tekane Saul wis paring wangsit marang Nabi Samuel, pangandikane:

16. “Sesuk, watara wayah mangkene Ingsun bakal ngutus sawijining wong lanang saka tanah Benyamin, kang marani sira, iku jebadana dadi ratuning umatingSun Israel lan dheweke bakal ngluwari umatingSun saka ing tangane wong Filisti, amarga pasambate wus sumengka tekan ing ngarsaningSun.”

17. Bareng Nabi Samuel mirsa Saul, Sang Yehuwah banjur paring sumurup: “Iki wonge kang Sundhawuhake marang sira; iku bakal ngratoni umatingSun.”

1 Samuel 9