9. Mulane turutana panyuwune, mung bae elingna temenan lan cethakna mungguh wewenange ratu, kang bakal ngereh.”
10. Lan Nabi Samuel ngluntakake sakehing pangandikane Sang Yehuwah marang bangsa, kang padha nyuwun ratu iku,
11. pangandikane: “Iki kang dadi wewenange ratu kang bakal ngereh kowe: anak-anakmu lanang padha dipundhut didadekake bala kretan lan jaranan, lan bakal lumayu ana ing ngarepe kreta titihane;
12. panjenengane bakal ngangkat wong-wong iku dadi panggedhening bala sewu lan panggedhene bala seket; bakal padha nggarap pategalane lan ngeneni kagem panjenengane; nggawekake gegaman lan pirantining kretane.
13. Anak-anakmu wadon bakal padha kapundhut dadi juru nyampur bumbon wangen, dadi padang lan juru ngolah dhaharan.