10. Wong mau iya banjur nindakake mangkono. Padha njupuk sapi kang nusoni sarakit, dirakitake ana ing karetane, nanging pedhete dicancang ana ing ngomah.
11. Pethine Sang Yehuwah diemotake ing kareta iku, apadene pethi kang isi tikus-tikusan lan pepethaning wudun emas.
12. Sapi-sapi iku terus bae metu ing dalan kang anjog ing Bet-Semes, ngliwati ratan gedhe karo mbengah sarta ora menggok nengen utawa ngiwa, dene para ratu-kuthane wong Filisti iku padha tindak ngetutake lakune nganti tutug ing tlatah Bet-Semes.
13. Para wong ing Bet-Semes lagi padha ngeneni gandum ana ing lebak. Bareng padha ndengengek weruh pethi mau lan padha bungah atine.
14. Karetane iku teka ing pategalane Yusak, wong ing Bet-Semes lan mandheg ana ing kono. Ing kono ana watu gedhe. Wong iku padha nyigari kayune kareta mau lan sapine disaosake minangka kurban obaran marang Sang Yehuwah.
15. Para wong Lewi padha ngudhunake pethine Sang Yehuwah, dalah pethi ing sandhinge kang isi barang mas-masan, banjur ditumpangake ing watu gedhe iku, lan ing dina iku para wong ing Bet-Semes padha nyaosake kurban obaran lan kurban sembelehan marang Sang Yehuwah.