1 Samuel 5:8-11 Kitab Sutji (JAV)

8. Mulane padha ngaturi para ratu kuthane wong Filisti sarta pangucape: “Punapa ingkang badhe kita lampahi tumrap pethinipun Gusti Allahipun Israel punika?” Wangsulane para ratu: “Pethine Gusti Allahe Israel kudu dielih menyang Gat.” Dadine padha ngelih pethine Gusti Allahe Israel mau.

9. Nanging bareng dielih mrana, astane Sang Yehuwah ndhatengake pageger gedhe tumrap marang kutha iku. Panjenengane nggebag wong ing kutha iku, bocah-bocah lan para wong tuwa temah padha wudunen.

10. Wong-wong iku tumuli padha ngusung pethine Gusti Allah menyang Ekron. Nanging satekane pethine Gusti Allah ing Ekron, wong ing kono padha sesambat, pangucape: “Anggone marakake pethine Gusti Allahe Israel marang kita iku supaya mateni kita lan bangsa kita.”

11. Awit saka iku wong-wong banjur padha ngaturi nglempak sakehe ratu kuthane wong Filisti sarta padha matur: “Pethining Gusti Allahipun Israel punika kaaterna, kajengipun wangsul dhateng ing panggenanipun, supados kita saha bangsa kita sampun ngantos dipun pejahi.” Amarga ing sawratane kutha kono ana gegering pepati; astane Sang Yehuwah anteb banget pameteke marang wong ing kono.

1 Samuel 5