9. He wong Filisti, ditatag atimu lan dilanang, supaya ora dadi kawulane bangsa Ibrani iku, kaya dene anggone wong-wong iku biyen padha ngawula marang kowe. Tandangmu dilanang lan mangsaha perang!”
10. Banjur padha mangsah perang, temah wong Israel padha kasoran, padha keplayu menyang ing pakemahane dhewe-dhewe. Luwih dening banget anggone kasoran. Wong Israel kang mati telung puluh ewu, bala dharatan.
11. Apamaneh pethi prajanjiane Gusti Allah dibandhang lan putrane Imam Eli karo pisan, Imam Hofni lan Pinehas padha tiwas.
12. Ana sawijining wong saka taler Benyamin kang keplayu saka ing paprangan lan ing dina iku uga tekan ing Silo kalawan nganggo sandhangan rowak-rawek sarta sirahe kawur-wuran lemah.
13. Satekane wong iku, Imam Eli pinuju lenggah ing kursi ing pinggir dalan ngadhang-andhang pawarta, panggalihe tansah dheg-dhegan, jalaran saka pethine Gusti Allah iku. Nalika wong iku lumebu ing kutha lan ngandhakake pawarta iku, wong sawarataning kutha kabeh padha nangis pating jlerit.
14. Bareng Imam Eli mireng panangis iku banjur ndangu: “Kang rame iku apa ta?” Wong iku enggal marani Imam Eli lan ngaturi uninga marang panjenengane.