1 Samuel 29:6-11 Kitab Sutji (JAV)

6. Sang Prabu Akhis banjur nimbali Sang Dawud, pangandikane: “Demi asmane Sang Yehuwah agesang, sira iku wong kang temen lan ingsun nganggep sira becik, yen sira mlebu metu ndherek ingsun ana ing satengahing wadyabala ing paprangan, wiwit sira ndherek marang ingsun nganti tumeka saprene, nanging sira ora disenengi para ratuning kutha-kutha.

7. Mulane sira muliha, mangkata kanthi slamet lan aja nindakake apa kang ala ana ing paningale para ratuning kuthane wong Filisti.”

8. Nanging Sang Dawud matur marang Sang Prabu Akhis: “Punapa ingkang dados pandamel kawula? Punapa kalepatanipun abdi dalem punika, wiwit kawula ndherek panjenengan dalem, ngantos ing dinten punika, dene ngantos boten dipun parengaken ndherek panjenengan dalem perang nglawan mengsahipun gusti kawula Sang Prabu?”

9. Paring wangsulane Sang Prabu Akhis marang Sang Dawud: “Ingsun ngreti, yen sira iku sunsenengi kaya dene utusane Gusti Allah; mung bae para senapatine wong Filisti wis padha ngandika: Wong iku ora kena melu perang karo kita.

10. Dadine sesuk esuk umun-umun tangia dalah wong-wonge gustinira kang tekane bareng karo sira; tangia kang esuk, yen wis padhang nuli budhala!”

11. Esuk umun-umun Sang Dawud wungu dalah para wadyabalane, banjur padha budhal bali menyang ing tanahe wong Filisti, dene wong Filisti padha nglurug menyang ing Yizreel.

1 Samuel 29