6. Lan Sang Prabu Saul neges marang Sang Yehuwah, nanging Sang Yehuwah ora paring wangsulan, apa srana impen utawa Urim apa lantaran para nabi.
7. Sang Prabu Saul banjur ngandika marang para punggawane: “Ingsun golekna wong wadon prewangan, ingsun bakal mrana lan mundhut pituduhe.” Para punggawane padha munjuk marang Sang Prabu: “Ing Endor wonten tiyang estri prewangan.”
8. Sang Prabu banjur namur lampah ngrasuk pangageman seje lan tindak kadherekake abdi loro. Bareng Sang Prabu ing wayah bengi rawuh ing panggonane wong wadon mau, banjur ngandika: “Mara aku tenungna lumantar roh lan undangna wong kang bakal dakpratelakake.”
9. Nanging wong wadon mau mangsuli: “Panjenengan rak temtu mangretos, ingkang dipun tindakaken Sang Prabu Saul, bilih Sang Prabu sampun nyirnakaken saking nagari para prewangan lan juru mbebatang. Kenging punapa panjenengan masangi jiret nyawa kula kadamel mejahi kula?”
10. Sang Prabu Saul banjur supaos demi asmane Sang Yehuwah, pangandikane: “Demi asmane Sang Yehuwah agesang, kowe ora bakal kaluputan marga saka prakara iki.”
11. Sawuse iku wong mau pitakon: “Sinten ingkang kedah kula dhatengaken, supados ngatingali panjenengan?” Paring wangsulane Sang Prabu Saul: “Aku undangna Nabi Samuel, supaya ngatingali marang aku.”
12. Bareng wong wadon mau ndeleng Nabi Samuel, njerit klawan swara dumeling. Wong wadon mau banjur matur marang Sang Prabu mangkene: “Kenging punapa panjenengan dalem ngapusi abdi dalem? Panjenengan dalem punika Sang Prabu Saul piyambak!”
13. Sang Prabu banjur ngandika marang wong wadon iku: “Sira aja wedi. Apa kang sira deleng?” Wong wadon iku mangsuli ature: “Kawula ningali wonten makhluk ilahi jumedhul saking bumi.”
14. Sang Prabu banjur ndangu marang wong wadon iku: “Rupane kapriye?” Atur wangsulane: “Wonten tiyang sepuh jumeneng ngagem jubah.” Sang Prabu banjur mangretos, yen iku Nabi Samuel. Panjenengane banjur sumungkem karo wedanane konjem ing bumi lan sujud nyembah.
15. Sawuse iku Nabi Samuel ngandika marang Sang Prabu Saul: “Geneya kowe ngregoni aku lan nekakake aku?” Wangsulane Sang Prabu Saul: “Kula kepepet sanget, bangsa Filisti nglurugi perang nglawan kula lan Gusti Allah sampun linggar saking kula. Panjenenganipun sampun boten miyarsakaken pandonga kula malih, inggih dadosa lumantar para nabi, dadosa sarana impen. Milanipun kula ngaturi panjenengan, supados maringi pitedah dhateng kula, punapa ingkang wajib kula lampahi.”
16. Nabi Samuel banjur ngandika: “Yagene kowe kok takon marang aku, ujer Sang Yehuwah wis linggar saka kowe lan dadi satrumu?
17. Sang Yehuwah wis nindakake apa kang didhawuhake lumantar aku tumrap kowe, yaiku: Sang Yehuwah wus nyuwek karajan saka ing tanganmu lan kaparingake marang wong liyane, marang Dawud.
18. Amarga kowe ora ngestokake dhawuhe lan ora ngleksanani mulad-mulading bebendune marang wong Amalek, yaiku jalarane Sang Yehuwah nandukake prakara iki marang kowe ing dina iki.
19. Apadene Sang Yehuwah bakal masrahake wong Israel bareng karo kowe marang tangane wong Filisti, lan sesuk kowe sarta anak-anakmu bakal nunggal karo aku. Wadya-bala Israel bakal kapasrahake uga dening Sang Yehuwah marang tangane wong Filisti.”