1 Samuel 28:6-10 Kitab Sutji (JAV)

6. Lan Sang Prabu Saul neges marang Sang Yehuwah, nanging Sang Yehuwah ora paring wangsulan, apa srana impen utawa Urim apa lantaran para nabi.

7. Sang Prabu Saul banjur ngandika marang para punggawane: “Ingsun golekna wong wadon prewangan, ingsun bakal mrana lan mundhut pituduhe.” Para punggawane padha munjuk marang Sang Prabu: “Ing Endor wonten tiyang estri prewangan.”

8. Sang Prabu banjur namur lampah ngrasuk pangageman seje lan tindak kadherekake abdi loro. Bareng Sang Prabu ing wayah bengi rawuh ing panggonane wong wadon mau, banjur ngandika: “Mara aku tenungna lumantar roh lan undangna wong kang bakal dakpratelakake.”

9. Nanging wong wadon mau mangsuli: “Panjenengan rak temtu mangretos, ingkang dipun tindakaken Sang Prabu Saul, bilih Sang Prabu sampun nyirnakaken saking nagari para prewangan lan juru mbebatang. Kenging punapa panjenengan masangi jiret nyawa kula kadamel mejahi kula?”

10. Sang Prabu Saul banjur supaos demi asmane Sang Yehuwah, pangandikane: “Demi asmane Sang Yehuwah agesang, kowe ora bakal kaluputan marga saka prakara iki.”

1 Samuel 28