1. Ing wektu samana wong Filisti ngerigake wadyabalane nglurug perang nglawan wong Israel. Sang Prabu Akhis nuli ngandika marang Sang Dawud: “Kawruhana, yen sira sawadyabalanira ora kena ora kudu ndherek nglurug perang karo ingsun.”
2. Atur wangsulane Sang Dawud marang Sang Prabu: “Nuwun inggih, panjenengan dalem badhe mirsa, punapa ingkang badhe dipun tindakaken dening abdi dalem punika.” Sang Prabu ngandika marang Sang Dawud: “Mulane sira sunsengkakake dadi pangawalingsun piyambak salawas-lawase.”
3. Dene Nabi Samuel wus seda. Sakehing wong Israel padha nangisi lan nyarekake panjenengane ana ing kuthane, ing Rama. Anadene Sang Prabu Saul wus nundhungi para prewangan lan juru mbebatang saka ing nagara.
4. Wong Filisti iku padha nglumpuk lan banjur mangkat nglurug lan ngedegake kemahe ana ing sacedhake Sunem. Dene Sang Prabu Saul ngerigake sakehe wong Israel, banjur padha ngedegake kemahe ana ing Gilboa.
5. Bareng Sang Prabu Saul mirsa wadyabala Filisti, panjenengane ajrih lan gumeter banget.