6. Ing wektu samana Sang Dawud banjur diparingi kutha Ziklag, iku jalarane Ziklag dadi kagungane para ratu ing Yehuda nganti saprene.
7. Sang Dawud manggen ing wewengkone wong Filisti lawase setaun patang sasi.
8. Sang Dawud sabalane mangsah nglurug wong Gesur, wong Girzi lan wong Amalek, amarga wong iki kang padha ngenggoni negara iku wiwit saka Telam terus tekan tanah Sur lan tanah Mesir.
9. Nalika Sang Dawud nempuh kutha iku, ora ana siji bae kang diuripi, iya lananga iya wadona. Sang Dawud njarah wedhus-wedhus, sapi, kuldi unta lan sandhangane, banjur bali sowan marang Sang Prabu Akhis.
10. Yen Sang Prabu Akhis ndangu: “Ngendi kang sira tempuh ing dina iki?” Sang Dawud matur: “Ing tanah Negeb Yehuda” utawa “Ing tanah Negeb tlatahipun tiyang Yerahmeel” utawa “Ing tanah Negeb, tlatahipun bangsa Keni.”
11. Sang Dawud ora nguripi wong siji-sijia, iya lananga iya wadona, kang banjur dibandhang menyang ing Gat, amarga nggalih: “Aja nganti padha martakake bab iku kabeh mangkene: Iki kang ditindakake Dawud.” Mangkono pratingkahe salawase manggon ana ing wewengkone bangsa Filisti.
12. Anadene Sang Prabu Akhis pracaya marang Sang Dawud, amarga nggalih: “Dawud wus ndadekake awake sinengitan dening bangsane, dheweke mesthi tetep dadi abdiningsun ing salawas-lawase.”