5. Sang Dawud banjur tindak murugi pakemahane Sang Prabu Saul. Bareng Sang Dawud mirsa pasareyane Sang Prabu Saul karo Sang Abner bin Ner, senapatine, -- Sang Prabu sare ana ing satengahe pakemahan, dene para wadyabalane akemah ing sakubenge --
6. Sang Dawud banjur ngandika marang Akhimelek, wong Het lan Abisai bin Zeruya, sadulure Yoab mangkene: “Sapa kang melu aku marani pakemahane Sang Prabu Saul.” Wangsulane Abisai: “Kula ingkang badhe ndherek.”
7. Sang Dawud karo Abisai tekan ing panggonane bala ing wayah bengi lan ing kana Sang Prabu Saul katon sare ana ing satengahe pakemahan, tumbake tumanjeb ing bumi ing ulon-ulone, dene Sang Abner lan balane padha ngglethak ana ing sakubenge.
8. Abisai banjur matur marang Sang Dawud : “Ing dinten punika Gusti Allah sampun masrahaken satru panjenengan wonten ing asta panjenengan, milanipun kalilanana kula nunjemaken Sang Prabu ing bumi kaliyan waos punika, cekap namung sajojohan kemawon, boten sisah kaping kalih.”