1 Samuel 26:19-25 Kitab Sutji (JAV)

19. Milanipun, gusti kawula Sang Prabu mugi miyarsakna aturipun abdi dalem punika. Manawi Pangeran Yehuwah ingkang ngosikaken panjenengan dalem supados nglawan dhumateng kawula, mugi Pangeran sinaosana gandaning kurban sesaosan, nanging manawi punika para anaking manungsa, kenginga ipat-ipat wonten ing ngarsanipun Pangeran Yehuwah, amargi tiyang-tiyang punika sami nundhung kawula, temah kawula boten angsal panduman saking kagunganipun Gusti Allah kaliyan tembungipun: Lungaa, ngabektia marang allah liyane.

20. Milanipun, rah kawula sampun ngantos wutah ing bumi tebih saking ngarsanipun Pangeran Yehuwah. Awitdene ratunipun Israel ngarah nyawa kawula, kados mbujeng ayam wana ing pareden.”

21. Sang Prabu Saul banjur ngandika: “Ingsun iki gawe dosa, muliha dhuh putraningsun Dawud, amarga ingsun ora bakal nindakake piala maneh marang sira, awit ing dina iki ana pangemanira marang nyawaningsun; tindak-tandukingsun iku sanyata tanpa budi lan ingsun kesasar babar pisan.”

22. Nanging Sang Dawud mangsuli ature: “Lah punika waos kagunganipun Sang Prabu, dhuh gusti kawula! Salah satunggaling abdi paduka kadhawuhana nyabrang murugi punika.

23. Pangeran Yehuwah badhe males kasaenan lan kasetyanipun saben tiyang, amargi Pangeran Yehuwah ing dinten punika sampun masrahaken panjenengan dalem wonten ing tangan kawula, nanging abdi dalem boten purun ngagagaken tanganipun dhateng jebadaning Pangeran Yehuwah.

24. Sajatosipun, kados dene nyawa dalem sampun kawula eman wonten ing ngajeng kawula, makaten ugi mugi nyawa kawula kaemana wonten ing ngarsanipun Pangeran Yehuwah, lan mugi Panjenenganipun ngluwari kawula saking sakathahing bebaya.”

25. Sang Prabu Saul banjur ngandika marang Sang Dawud: “Muga sira binerkahan, dhuh putraningsun Dawud. Apa bae kang sira tandangi, mesthi sira bisa nindakake.”Sang Dawud banjur nerusake tindake saparan-paran lan Sang Prabu Saul kondur menyang ing daleme.

1 Samuel 26