3. Ana dene jenenge Nabal lan somahe Abigail. Wong wadon iku limpad ing budi lan ayu rupane, nanging sing lanang iku kasar lan wateke ala. Wong iku turune Kaleb.
4. Nalika Sang Dawud miyarsa ana ing pasamunan, yen Nabal lagi mbathili wedhuse,
5. banjur utusan wong sepuluh, iku padha dipangandikani: “Menyanga ing Karmel lan nemonana Nabal. Takokna kaslametane atas jenengku
6. lan tekakna salam taklimku iki marang dheweke: Mugi wilujenga! Mugi wilujenga panjenengan, kulawarga panjenengan, saha tiyang ingkang sami ndherek panjenengan.
7. Mentas kemawon kula tampi wartos, bilih sampeyan saweg mbathili menda. Dene para pangen panjenengan boten nate kula arubiru lan boten wonten menda satunggal-tunggala ingkang ical salebetipun kula sami wonten ing Karmel.
8. Kula aturi ndangu para pangen panjenengan piyambak, temtu badhe matur dhateng panjenengan bilih pancen makaten. Milanipun tiyang punika sami manggiha sihpiwelas panjenengan, punika rak kaleresan dinten riyaya? Panjenengan karsaa maringi punapa sawontenipun dhateng para abdi panjenengan saha ingkang putra Dawud.”