15. Mangka tiyang-tiyang punika sami sae sanget tandukipun dhateng kula sadaya, sami boten ngarubiru kula lan kula sami boten kecalan punapa-punapa salaminipun kula sami sesrawungan kaliyan tiyang-tiyang punika wonten ing pangenan.
16. Tiyang-tiyang punika sami prasasat pager tembok ing sakubeng kula rinten dalu, salaminipun kula sami ngengen menda wonten ing sacelakipun.
17. Milanipun, panjenengan galih saha panjenengan limbang-limbang, punapa ingkang prayogi panjenengan lampahi, amargi sampun dipun temtokaken, bilih bendara kula dalasan sakulawarganipun badhe manggih bilai, mangka bendara kula punika panggalihipun awon, temah boten saged dipun ajak rerembagan.”
18. Abigail enggal-enggal banjur njupuk roti rong atus iji, anggur rong impes, wedhus gembel lima kang wis kaolah, emping gandum limang taker, kuweh kismis satus emplek, kuweh anjir rong atus iji, dimotake ing kuldi;
19. banjur prentah marang para bature: “Lumakua ndhisiki aku, aku enggal nututi kowe.” Nanging Nabal, bojone ora diwenehi sumurup.
20. Nalika wong wadon iku nunggang kuldi medhun metu ing saselaning gunung, Sang Dawud sabalane uga mandhap ngener marang dheweke; temahan padha pethukan.
21. Maune Sang Dawud wus ngandika: “Tanpa guna anggonku padha ngayomi bandhane wong iku ana ing pasamunan, nganti ora kelangan apa-apa, kabecikanku kok diwales piala.
22. Gusti Allah muga ndhawahna paukuman marang Dawud, malah ngluwihana iku, manawa ngantia sesuk ing kono isih ana wong lanang siji bae kang urip.”
23. Nalika Abigail ndeleng Sang Dawud, age-age mudhun saka ing kuldine, banjur sujud nyembah ana ing ngarsane Sang Dawud, nganti konjem ing bumi.
24. Abigail nyungkemi padane Sang Dawud sarta matur: “Dhuh bendara kawula, kawula piyambak ingkang nyanggi kalepatan. Kalilana kawula matur wonten ing ngarsa dalem, kawula aturi midhangetaken aturipun abdi dalem punika.
25. Bendara kawula sampun ngantos nggalih dhateng pun Nabal, ingkang watekipun awon punika, sebab kadosdene namanipun Nabal inggih goblog tiyangipun. Nanging kawula, abdi dalem, boten sumerep tiyang-tiyang ingkang panjenengan dalem utus.
26. Margi saking punika, dhuh bendara kawula, demi asmanipun Sang Yehuwah, ingkang gesang saha asma dalem, ingkang dipun penggak dening Pangeran Yehuwah anggen panjenengan dalem badhe ngwutahaken rah lan tumindak piyambak ngupados kaleresan, kajengipun kados Nabal mengsah panjenengan dalem saha tiyang ingkang badhe nandukaken piawon dhateng panjenengan dalem.
27. Milanipun atur-atur ingkang kabekta dening abdi dalem punika kaparingna dhateng para tiyang ingkang sami ndherek panjenengan dalem.
28. Panjenengan dalem mugi karsaa ngapunten kalepatanipun abdi dalem, amargi Sang Yehuwah temtu badhe mbangun malih tedhak-turun panjenengan dalem ingkang santosa; panjenengan dalem punika nindakaken perangipun Sang Yehuwah, lan boten wonten ingkang awon ingkang pinanggih ing panjenengan dalem ing sasugeng panjenengan dalem.
29. Manawi wonten tiyang ingkang gumregah badhe ngarah nyawa panjenengan dalem, nyawa panjenengan dalem badhe rinimatan ing buntelan panggenaning para tiyang ingkang gesang wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan dalem, namung nyawanipun para mengsah panjenengan dalem badhe kabandhilaken saking lekokaning bandhil.