12. Sang Dawud banjur matur: “Kawula saha bala kawula punapa badhe kapasrahaken tiyang-tiyang kitha Kehila dhateng astanipun Sang Prabu Saul?” Pangandikane Sang Yehuwah: “Bakal dipasrahake.”
13. Sang Dawud dalah sabalane banjur padha tata-tata, watara wong nem atus, padha metu saka ing kutha Kehila lan lunga saparan-paran. Nalika Sang Prabu Saul diaturi pirsa, yen Sang Dawud wus oncat, ora sida nglurugi perang.
14. Anadene Sang Dawud lereb ana ing pasamunan, ing papan-papan pandhelikan. Pamanggene ana ing pagunungan ing pasamunan Zif. Lan sawuse iku Sang Prabu Saul tansah nguber-uber, nanging Gusti Allah ora masrahake ing astane Sang Prabu Saul.
15. Sang Dawud sumelang panggalihe amarga Sang Prabu Saul wis tindak nedya ngarah nyawane Sang Dawud. Nalika Sang Dawud ana ing pasamunan ing Zif, ing Khoresa,
16. Pangeran Yonatan, putrane Sang Prabu Saul, nuli tata-tata lan banjur murugi Sang Dawud menyang ing Khoresa, lan nyantosakake pangandele Sang Dawud marang Gusti Allah,
17. sarta ngandika marang Sang Dawud: “Panjenengan sampun kuwatos, amargi kanjeng rama boten badhe saged nyepeng panjenengan, malah panjenengan badhe jumeneng ratu ngereh bangsa Israel, lan kula trimah namung dados tiyang ingkang angka kalih, ing sangandhap panjenengan. Kanjeng rama rak ugi sampun uninga bab punika.”
18. Sakarone banjur padha prasetya ana ing ngarsane Sang Yehuwah. Lan Sang Dawud lereb ana ing Khoresa, dene Pangeran Yonatan kondur menyang ing daleme.
19. Nanging ana wong ing Zif sawatara kang seba marang ing ngarsane Sang Prabu Saul ana ing Gibea sarta matur: “Dawud ndhelik wonten ing sacelak kawula, ing beteng-beteng pareden, ing sacelakipun Khoresa, ing redi Hakhila, kaprenah ing sakidulipun ara-ara samun.
20. Milanipun manawi panjenengan dalem Sang Prabu kepareng rawuh, kawula aturi tindak, kawula ingkang tanggel badhe masrahaken tiyang punika wonten ing astanipun Sang Prabu.”
21. Pangandikane Sang Prabu Saul: “Muga sira binerkahana dening Sang Yehuwah, amarga ngetokake kawelasanira marang ingsun.