1 Samuel 23:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Sang Dawud diaturi pirsa mangkene: “Kauningana, tiyang Filisti mangsah perang nempuh kitha Kehila lan njarah pamipitanipun.”

2. Sang Dawud banjur neges marang Sang Yehuwah: “Punapa kawula prayoginipun ngawonaken bangsa Filisti punika?” Dhawuhe Sang Yehuwah marang Dawud: “Mangkata, bangsa Filisti iku asorna lan kutha Kehila luwarana!”

3. Nanging balane Sang Dawud matur marang panjenengane: “Kula aturi enget, wonten ing ngriki kemawon wonten ing Yehuda, kula sampun sami kuwatos, saya malih manawi kula sami dhateng Kehila, mapagaken barisanipun perang bangsa Filisti.”

4. Sang Dawud banjur neges maneh marang Sang Yehuwah, dene Sang Yehuwah paring wangsulan mangkene: “Samektaa, mangkata menyang Kehila, amarga Ingsun bakal masrahake wong Filisti marang ing tanganira.”

5. Sang Dawud banjur mangkat sabalane menyang Kehila, mangsah perang nglawan bangsa Filisti, rajakayane padha digiring sarta mungsuh digecak luwih dening banget. Mangkono anggone Sang Dawud ngluwari wong ing kutha Kehila.

6. Nalika Imam Abyatar bin Akhimelekh ngungsi marang Sang Dawud ing Kehila, mudhune nggawa efod.

7. Sang Prabu Saul diaturi pirsa, yen Sang Dawud wis mlebu ing kutha Kehila. Sang Prabu Saul nuli ngandika: “Gusti Allah wis masrahake Dawud ana ing tanganku, amarga mlebu ing kutha kang ana gapura lan ana slarake, iku ateges ngurung awake dhewe.”

1 Samuel 23