5. Wangsulane Sang Dawud marang Imam iku: “Pancen kula sami boten kenging ngempali tiyang estri kados kala rumiyin-rumiyin, manawi kula sami mangsah perang. Badanipun tiyang kula sami suci, sanadyan namung kekesahan limrah, langkung malih ing dinten punika. Satunggal-tunggalipun sami suci badanipun.”
6. Imam Akhimelekh banjur ngaturi roti sengkeran, amarga ing kono ora ana roti liyane kajaba roti sesaosan; roti iku sabenere kalorod saka ing ngarsane Sang Yehuwah, supaya ing dina iku disalini roti anyar maneh.
7. Ing dina iku uga kono ana sawijining punggawane Sang Prabu Saul, kang dipiji ngladeni Sang Yehuwah, jenenge Doeg, wong Edom, tetindhihe para pangone Sang Prabu Saul.
8. Sang Dawud ngandika marang Imam Akhimelekh: “Ing ngriki panjenengan punapa boten kagungan waos utawi pedhang? Amargi pedhang utawi dedamel kula boten kula bekta, amargi dhawuhipun Sang Prabu sarwi dadakan.”
9. Ature imam mau: “Pedhangipun Goliat tiyang Filisti ingkang panjenengan pejahi wonten ing Lebak Wit-Ela punika ingkang wonten ing ngriki, kaluruban ing sinjang, ing sawingkingipun efod punika. Manawi badhe panjenengan asta, mangga kula aturi mundhut; sanesipun boten wonten, namung punika.” Pangandikane Sang Dawud: “Boten wonten ingkang nyameni punika, pundi panjenengan paringaken dhateng kula.”