1 Samuel 21:10-15 Kitab Sutji (JAV)

10. Sang Dawud nuli tata-tata lan banjur mangkat ing dina iku uga ngungsi saka ing ngarsane Sang Prabu Saul; tindake wus rawuh ing wewengkone Prabu Akhis, ratu-kutha ing Gat.

11. Para punggawane Prabu Akhis matur marang gustine: “Punapa punika sanes Dawud ratunipun nagari punika? Punapa punika sanes tiyangipun ingkang kangge sesindhenan saur-sauran kaliyan jejogedan makaten:Sang Prabu Saul ngasorake mungsuh ewon,nanging Sang Dawud nganti puluhan ewon?”

12. Sang Dawud nggatosake marang tembung iku, temah panjenengane ajrih banget marang Prabu Akhis, ratu-kutha ing Gat iku.

13. Mulane banjur memba wong kang owah ana ing pandelenge wong-wong iku sarta api-api edan ana ing sacedhake wong-wong iku; panjenengane nggrauti korining gapura lan ilere diumbar dleweran ana ing jenggote.

14. Prabu Akhis banjur ngandika marang para punggawane: “Apa sira padha ora weruh, yen iku wong edan? Apa perlune wong iku sira gawa mrene?

15. Apa ingsun kekurangan wong edan, nganti wong iki sira ladekake marang ing mgarsaningsun, apa supaya mamerake edane marang ingsun? Apa pantes wong kang kaya mengkono mlebu ing kratoningsun?”

1 Samuel 21