10. Sang Dawud nuli tata-tata lan banjur mangkat ing dina iku uga ngungsi saka ing ngarsane Sang Prabu Saul; tindake wus rawuh ing wewengkone Prabu Akhis, ratu-kutha ing Gat.
11. Para punggawane Prabu Akhis matur marang gustine: “Punapa punika sanes Dawud ratunipun nagari punika? Punapa punika sanes tiyangipun ingkang kangge sesindhenan saur-sauran kaliyan jejogedan makaten:Sang Prabu Saul ngasorake mungsuh ewon,nanging Sang Dawud nganti puluhan ewon?”
12. Sang Dawud nggatosake marang tembung iku, temah panjenengane ajrih banget marang Prabu Akhis, ratu-kutha ing Gat iku.
13. Mulane banjur memba wong kang owah ana ing pandelenge wong-wong iku sarta api-api edan ana ing sacedhake wong-wong iku; panjenengane nggrauti korining gapura lan ilere diumbar dleweran ana ing jenggote.
14. Prabu Akhis banjur ngandika marang para punggawane: “Apa sira padha ora weruh, yen iku wong edan? Apa perlune wong iku sira gawa mrene?