Manawi makaten mugi karsaa paring cihnaning kasetyan panjenengan dhateng ingkang abdi punika, awit dene panjenengan sampun damel prajanjian kaliyan ingkang abdi wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah. Samanten ugi manawi wonten kalepatan kula, panjenengan piyambak kula aturi mejahi kula. Punapa sebabipun dene panjenengan badhe ngloropaken kula dhateng ingkang rama?”