Pangeran Yonatan banjur ngandika marang Sang Dawud: “Demi Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, benjing-enjing utawi benjing emben watawis wanci makaten kula badhe nyumerepi panggalihipun kanjeng rama. Samangsa sae kawontenanipun tumrap Dhimas Dawud, punapa inggih kula boten lajeng kengkenan tiyang ngaturi pirsa dhateng panjenengan?