1 Samuel 18:4-16 Kitab Sutji (JAV)

4. Pangeran Yonatan ngrucat pangagemane lan kaparingake marang Dawud dalah pangagemane perang tumeka pedhang, panahe lan sabuke.

5. Dawud mangsah perang lan tansah unggul, menyanga ngendi bae anggone kautus dening Sang Prabu Saul, mula banjur kawisudha dadi tetindhihe prajurit. Bab iku kaanggep becik dening kawula kabeh lan para punggawane Sang Prabu Saul.

6. Nanging nalika padha mulih, sabaline Dawud saka anggone ngasorake wong Filisti iku, para wong wadon saka sakehe kutha ing Israel, padha methuk rawuhe Sang Prabu Saul karo padha sesindhenan lan jejogedan kalawan ngunekake trebang, padha suka pari suka sarta kalawan nabuh triwilah.

7. Lan wong wadon kang padha jejogedan iku padha sesindhenan saur-sauran, tembunge:“Sang Prabu Saul ngasorake mungsuh ewon,nanging Sang Dawud puluhan ewon.”

8. Sang Prabu Saul muntab dukane luwih dening banget; tetembungan iku nuwuhake renguning galihe, amarga pangunandikane: “Marang Dawud disindhenake mateni puluhan ewon, nanging tumrap ingsun mung ewon, wekasane keprabon bakal tumiba marang dheweke.”

9. Wiwit ing dina iku lan sabanjure Sang Prabu tansah sanggarunggi marang Sang Dawud.

10. Esuke roh ala kang saka ing Gusti Allah iku nganjingi Sang Prabu Saul, temah kepanjingan ana ing daleme; mangka Sang Dawud nylempung kaya ing saben dinane. Dene Sang Prabu ngasta towok.

11. Sang Prabu nlorongake towok iku, amarga panggalihe: “Dawud daktancepne ing tembok.” Nanging Sang Dawud ngendhani nganti ambal kaping pindho.

12. Sang Prabu Saul ering marang Dawud, amarga Sang Yehuwah nganthi marang Sang Dawud, mangka Panjenengane wis nilar Sang Prabu Saul.

13. Mulane Sang Prabu nebihake Sang Dawud saka ing sarirane lan misudha Sang Dawud dadi panewuning prajurit, temah Sang Dawud tansah ana ing sangareping wadya-bala.

14. Sang Dawud tansah oleh gawe ing satindake, amarga Sang Yehuwah nunggil karo panjenengane.

15. Bareng Sang Prabu mirsa, manawa Sang Dawud banget anggone tansah oleh gawe, Sang Prabu sangsaya ajrih,

16. nanging sakehing wong Israel lan Yehuda padha asih marang Sang Dawud, amarga panjenengane mimpin samobah-mosiking bala.

1 Samuel 18