31. Tembung kang kaucapake Dawud iku keprungu ing wong, banjur diaturake marang Sang Prabu Saul. Lan Sang Prabu nuli utusan nimbali.
32. Dawud matur marang Sang Prabu Saul: “Sampun ngantos sami nglokro, jalaran saking tiyang punika. Abdi dalem badhe mengsah nandhingi tiyang Filisti punika.”
33. Nanging Sang Prabu ngandika marang Dawud: “Mokal sira bisa nandhingi wong iki, amarga sira iku isih anom, mangka wong iku wiwit enom wis dadi prajurit.”
34. Nanging Dawud matur marang Sang Prabu: “Abdi dalem punika sampun kulina ngengen menda-mendanipun bapakipun dalem. Samangsa kadhatengan singa utawi bruwang, ingkang nubruk menda saking pepanthan,
35. nunten dalem oyak lan menda wau dalem rebat saking cangkemipun. Lajeng manawi nempuh nglawan dhateng dalem, dalem cepeng jenggotipun sarta dalem gebagi ngantos pejah.
36. Dados singa utawi bruwang wau sami dalem gebagi. Lan tiyang Filisti ikutan punika ugi badhe nemahi kados dene salah satunggalipun kewan punika, awit dene sampun ngawon-awon barisanipun Gusti Allah ingkang asipat gesang.”