1 Samuel 17:3-20 Kitab Sutji (JAV)

3. Wong Filisti mapan ana ing gunung sisih kene lan wong Israel ana ing sisih kana, ing antarane ana lebak.

4. Tumuli ana agul-agule bala Filisti kang metoni, jenenge Goliat wong ing Gat. Dedege nem asta sakilan.

5. Nganggo topong tembaga ana ing sirahe, lan nganggo klambi kere mawa sisik, boboting klambine kere limang ewu sekel tembaga.

6. Garese nganggo tebeng tembaga, manggul tumbak tembaga ing pundhake.

7. Garaning tumbake sagulungan tenunan, lan wilahe tumbake wesi bobote nem atus sekel. Ana juru nggawa tameng lumaku ing ngarepe.

8. Wong iku banjur ngadeg lan sesumbar marang barisan Israel, pangucape: “Apa perlune kowe ngetoni nata gelaring perang? Aku iki rak wong Filisti lan kowe padha bature Saul? Miliha wong siji, kareben mudhun mapagage perangku.

9. Yen wong iku bisa menang perange tandhing karo aku lan ngasorake aku, aku bakal padha ngawula marang kowe. Nanging yen aku bisa unggul lan ngalahake dheweke, kowe bakal padha dadi kawulaku lan teluk marang bangsaku.”

10. Wong Filisti mau celathu maneh: “Ing dina iki aku nantang barisan Israel, ngajokna wong siji supaya aku perang tandhing ijen padha ijen.”

11. Bareng Sang Prabu Saul lan sakehe bangsa Israel krungu tembunge wong Filisti iku, atine padha kekes lan banget giris.

12. Dawud iku anake wong Efrata, ing Betlehem-Yehuda, kang aran Isai. Isai duwe anak lanang wolu. Nalika jumenenge Sang Prabu Saul wong iku wis tuwa lan akeh umure.

13. Anake Isai lanang telu, kang gedhe-gedhe wis maju perang ndherek Sang Prabu Saul, anake telu kang mangkat perang iku arane: Eliab kang pembarep, kang penggulu: Abinadab lan kang pendhadha: Syama.

14. Dene wuragile: Dawud. Dadine anake lanang-lanang telu kang gedhe-gedhe padha ndherek Sang Prabu Saul.

15. Anadene Dawud iku saben-saben mulih menyang ing omahe sawise seba marang ing ngarsane Sang Prabu Saul, banjur ngengon wedhuse bapakne ana ing Betlehem.

16. Wong Filisti iku tansah metoni lan nyedhak ing wayah awan lan sore. Mangkono anggone tansah metoni nganti patang puluh dina lawase.

17. Isai celathu marang Dawud, anake: “Njupuka emping gandum iki saefa lan roti sepuluh iki kanggo kakang-kakangmu, enggal-enggal eterna menyang ing pakemahan, wenehna kakang-kakangmu.

18. Lan keju kang sepuluh iki caosna marang panggedhene wadya-bala sewu. Takokna kaslametane kakang-kakangmu lan ulihmu nggawaa pratandha saka kana.

19. Sang Prabu Saul lan sakehe wong Israel padha ana ing Lebak Wit-Ela lagi perang nglawan bala Filisti.”

20. Ing wayah umun-umun Dawud wis tangi, masrahake wedhus-wedhuse marang wong jaga, mikul gegawane lan banjur mangkat kaya kang kaprentahake dening Isai. Tekane ing pakemahan pinuju wadya-bala lagi budhal lan nata pabarisan sarta padha surak rame alok-alok perang.

1 Samuel 17