17. Isai celathu marang Dawud, anake: “Njupuka emping gandum iki saefa lan roti sepuluh iki kanggo kakang-kakangmu, enggal-enggal eterna menyang ing pakemahan, wenehna kakang-kakangmu.
18. Lan keju kang sepuluh iki caosna marang panggedhene wadya-bala sewu. Takokna kaslametane kakang-kakangmu lan ulihmu nggawaa pratandha saka kana.
19. Sang Prabu Saul lan sakehe wong Israel padha ana ing Lebak Wit-Ela lagi perang nglawan bala Filisti.”
20. Ing wayah umun-umun Dawud wis tangi, masrahake wedhus-wedhuse marang wong jaga, mikul gegawane lan banjur mangkat kaya kang kaprentahake dening Isai. Tekane ing pakemahan pinuju wadya-bala lagi budhal lan nata pabarisan sarta padha surak rame alok-alok perang.
21. Wadya-bala Israel lan Filisti padha nata barise adhep-adhepan.
22. Dawud banjur nyelehake gegawane lan dipasrahake marang prajurit kang jaga barang-barange wadya-bala. Dawud banjur lumayu menyang ing pabarisan; satekane ing kana nakokake mungguh kaslametane para sadulure.
23. Nalika lagi padha guneman, agul-agule bala Filisti mau maju, arane Goliat, wong Filisti saka ing Gat, metu saka pabarisane bala Filisti sarta ngumbar swara kaya sing uwis-uwis, kang keprungu dening Dawud.
24. Bareng sakehe wong Israel ndeleng wong iku padha lumayu mundur saka ngarepe, amarga saka wedine.