1. Wong Filisti ngumpulake wadyabala arep nglurug perang; anggone ngumpul ana ing Sokho ing tanah Yehuda lan ngadegake kemah ana ing antarane Sokho lan Azeka ing Efes-Damim.
2. Sang Prabu Saul lan wong Israel uga padha ngumpul lan ngadegake kemah ana ing Lebak Wit-Ela sarta padha nata gelaring perang andhep-adhepan karo wong Filisti.
3. Wong Filisti mapan ana ing gunung sisih kene lan wong Israel ana ing sisih kana, ing antarane ana lebak.
4. Tumuli ana agul-agule bala Filisti kang metoni, jenenge Goliat wong ing Gat. Dedege nem asta sakilan.
5. Nganggo topong tembaga ana ing sirahe, lan nganggo klambi kere mawa sisik, boboting klambine kere limang ewu sekel tembaga.
6. Garese nganggo tebeng tembaga, manggul tumbak tembaga ing pundhake.
7. Garaning tumbake sagulungan tenunan, lan wilahe tumbake wesi bobote nem atus sekel. Ana juru nggawa tameng lumaku ing ngarepe.
8. Wong iku banjur ngadeg lan sesumbar marang barisan Israel, pangucape: “Apa perlune kowe ngetoni nata gelaring perang? Aku iki rak wong Filisti lan kowe padha bature Saul? Miliha wong siji, kareben mudhun mapagage perangku.
9. Yen wong iku bisa menang perange tandhing karo aku lan ngasorake aku, aku bakal padha ngawula marang kowe. Nanging yen aku bisa unggul lan ngalahake dheweke, kowe bakal padha dadi kawulaku lan teluk marang bangsaku.”