15. Tumuli tuwuh pagiris ing pakemahan, ing ara-ara lan ing antarane rakyat kabeh. Uga para prajurit pangawal lan tukang ngrayah padha giris lan bumi nganti gonjing, temah nganakake pagiris kang saka Gusti Allah.
16. Bareng para prajurite jaga-baya Sang Prabu Saul ing Gibea-Benyamin weruh kang mangkono iku -- lan wong padha ribut lumaku mrana-mrene kaya alun kang ngombak-ombak mrana-mrene. --
17. Sang Prabu ngandika marang bala kang padha ndherek panjenengane: “Niti-priksaa pabarisan, sapa kang ora ana.” Banjur padha niti-priksa lan kasumurupan yen Pangeran Yonatan karo abdine juru ngampil gegaman ora ana.
18. Sang Prabu Saul banjur ngandika marang Imam Ahia: “Klambine efod gawanen mrene!” Amarga ing wektu samana Imam Ahia kang nganggo efod ana ing antarane bangsa Israel.
19. Nanging nalika Sang Prabu Saul lagi wawan sabda karo imam iku, saya kisruh kaanane ing pakemahane bangsa Filisti, temah Sang Prabu Saul ngandika maneh marang imam iku: “Togna bae!”