1 Samuel 13:14-23 Kitab Sutji (JAV)

14. Nanging sapunika karajan dalem boten badhe lestantun. Sang Yehuwah sampun miji tiyang ingkang ndadosaken keparenging penggalihipun lan Panjenenganipun sampun nuding tiyang wau kajumenengaken ratu kangge umatipun, amargi panjenengan dalem boten netepi punapa ingkang dados dhawuhipun dhumateng panjenengan dalem.”

15. Nabi Samuel banjur jumeneng lan tindak saka ing Gilgal menyang ing Gibea Benyamin. Sang Prabu Saul banjur nacahake bala kang ndherek panjenengane, tinemu watara nem atus kehe.

16. Sang Prabu Saul lan Pangeran Yonatan putrane, sarta bala kang padha ndherek, mapan ana ing Gibea Benyamin, dene wong Filisti padha kekemah ana ing Mikhmas.

17. Nuli ana bala njarah-rayah telung golongan saka ing pakemahane wong Filisti; grombolan kang kapisan metu ing dalan kang menyang ing Ofra ing tlatah Syual.

18. Grombolan kang kapindho metu ing Bet-Horon lan grombolan kang sijine maneh metu ing dalan menyang ing tapel-wates kang madhep marang lebak Zeboim, penere pasamunan.

19. Ing sawarataning tanah Israel ora ana pandhe siji-sijia, amarga guneme wong Filisti: “Wong Ibrani aja ana kang bisa gawe pedhang utawa tumbak.”

20. Dadi wong Israel kabeh kepeksa marani wong Filisti, yen perlu ngasahake kejene, wadunge, kampake utawa arite, --

21. dene opahe tumrap kejen utawa wadung rong pratelon sekel, dene opahe ngasah pethel lan masang angkus sapretelon sekel. --

22. Temah nalika dinane peperangan mau ora ana kang duwe pedhang utawa tumbak, kang padha ndherek Sang Prabu Saul lan Pangeran Yonatan. Mung Sang Prabu Saul lan Pangeran Yonatan, kang isih kagungan.

23. Lan wadyabala pangawale wong Filisti wus ana sapantha kang metu ing lowahane gunung ing Mikhmas.

1 Samuel 13