1 Samuel 12:4-8 Kitab Sutji (JAV)

4. Wangsulane wong kang padha dipangandikani: “Panjenengan boten nindhes kula, lan boten nate tumindhak kasar, punapa dene panjenengan boten nate nampeni punapa-punapa saking sinten kemawon.”

5. Panjenengane nuli ngandika marang wong-wong mau: “Sang Yehuwah kang dadi seksi marang kowe, lan kang dijebadi Panjenengane kang dadi seksi ing dina iki, yen kowe padha ora nemu apa-apa ana ing tanganku.” Wangsulane para wong mau: “Panjenenganipun dadosa seksi.”

6. Nabi Samuel banjur ngandika marang bangsa iku: “Sang Yehuwah dadia seksi, kang ngangkat Nabi Musa lan Imam Harun lan ngentasake leluhurmu saka ing tanah Mesir.

7. Mulane padha ngadega, ayo padha nyuwun pangadilan ana ing ngarsane Sang Yehuwah, bab sakehe kasaenane Sang Yehuwah kang wis ditandukake marang kowe lan marang leluhurmu.

8. Nalika Rama Yakub rawuh ana ing Mesir lan para leluhurmu padha sesambat marang Sang Yehuwah, nuli Sang Yehuwah ngutus Nabi Musa lan Imam Harun, kang ngirid para leluhurmu saka ing tanah Mesir sarta marengake padha manggon ana ing kene iki.

1 Samuel 12