1 Samuel 12:13-20 Kitab Sutji (JAV)

13. Mulane sawangen iku ratu, kang wis kokpilih lan kokjaluk. Lah Sang Yehuwah wus njumenengake ratu kang ngereh kowe,

14. janji kowe wedi-asih marang Sang Yehuwah ngabekti marang Panjenengane, ngrungokake pangandikane, sarta ora mbangkang marang dhawuhe Sang Yehuwah, lan kowe padha ngetutwuri Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, iya kowe apadene ratu kang bakal ngereh kowe.

15. Nanging manawa kowe ora ngrungokake pangandikane Sang Yehuwah, Sang Yehuwah bakal nglawan kowe lan ratumu.

16. Saiki terusna anggonmu padha ngadeg lan nyawanga prakara gedhe kang bakal ditindakake Sang Yehuwah ana ing ngarepmu.

17. Saiki rak lagi mangsane panen gandum? Aku bakal nyebut marang Sang Yehuwah, supaya Panjenengane paring gludhug lan udan. Padha sumurupa lan ngrumangsanana, yen gedhe pialamu kang koklakoni ana ing ngarsane Sang Yehuwah, yaiku anggonmu nyuwun ratu, kang ngereh kowe.”

18. Nabi Samuel banjur nyebut marang Sang Yehuwah, nuli Sang Yehuwah ing dina iku paring gludhug lan udan, temah wong sabangsa kabeh padha wedi marang Sang Yehuwah lan marang Nabi Samuel.

19. Wong sabangsa kabeh padha matur marang Nabi Samuel: “Panjenengan karsaa ndongakaken para abdi panjenengan dhumateng Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, supados kula sampun ngantos sami pejah, amargi anggen kula nyuwun ratu, kula mewahi dosa kula, jalaran saking piawon punika.”

20. Lan Nabi Samuel ngandika marang bangsa iku: “Aja padha wedi, pancen kowe wus padha nglakoni piala iki, nanging aja kendhat anggonmu ngetutwuri Sang Yehuwah, malah anggonmu ngabekti marang Sang Yehuwah diklawan gumolonging atimu.

1 Samuel 12