1 Samuel 12:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangandikane Nabi Samuel marang sakehe wong Israel: “Sakehing panyuwunmu, kang kokaturake marang aku, wis dakturuti lan aku wis njumenengake ratu kang ngereh kowe.

2. Dene saiki ratu iku kang dadi pemimpinmu; lan aku iki wis tuwa lan uwanen, apadene anak-anakku lanang rak ana ing antaramu? Aku mimpin kowe wiwit nonomanku tumeka saprene.

3. Iki aku ana ing ngarepmu ana ing kene. Kowe menehana paseksen kang nglawan aku ana ing ngarsane Sang Yehuwah lan ing ngarepe jebadane: Sapine sapa kang wis dakepek? Kuldine sapa kang wis dakepek? Sapa kang tau daktindhes? Sapa kang tau dakkasari? Sapa kang wis tau mbeseli aku kanggo nutupi mripatku? Iku arep dakbalekake.”

4. Wangsulane wong kang padha dipangandikani: “Panjenengan boten nindhes kula, lan boten nate tumindhak kasar, punapa dene panjenengan boten nate nampeni punapa-punapa saking sinten kemawon.”

5. Panjenengane nuli ngandika marang wong-wong mau: “Sang Yehuwah kang dadi seksi marang kowe, lan kang dijebadi Panjenengane kang dadi seksi ing dina iki, yen kowe padha ora nemu apa-apa ana ing tanganku.” Wangsulane para wong mau: “Panjenenganipun dadosa seksi.”

1 Samuel 12