21. Marga saka Panjenengane, kowe padha pracaya marang Gusti Allah, yaiku kang wis mungokake Panjenengane saka ing antarane wong mati sarta kang wis maringi kaluhuran marang Panjenengane, temahan pracayamu lan pangarep-arepmu tumuju marang Gusti Allah.
22. Sarehne kowe wus nucekake nyawamu sarana pambangun-turut marang kayekten, satemah padha bisa nindakake katresnan ing pasaduluran kang tanpa lamis, mulane padha mempenga anggonmu tresna-tinresnan kanthi gumolonging atimu.
23. Jalaran kowe wus padha kalairake maneh ora saka wiji kang bisa sirna, nanging kanglanggeng, dening pangandikaning Allah kang gesang lan kang langgeng.
24. Sabab:“Sakehing daging iku kaya suketsarta kabeh kaluhurane iku kaya kembanging suket,sukete dadi garing,lan kembange padha gogrog,
25. nanging pangandikane Pangeran iku tetep salawas-lawase.”Iya iku pangandika kang wis kawartakake marang kowe dening Injil.