1 Para Raja 8:36-47 Kitab Sutji (JAV)

36. mugi Paduka karsaa midhangetaken wonten ing swarga saha karsaa ngapunten dosaning abdi-abdi Paduka, inggih umat Paduka Israel punika -- amargi Paduka ingkang sampun paring pitedah bab margi ingkang sae ingkang kedah dipun anut -- saha mugi Paduka karsaa paring jawah dhumateng siti Paduka ingkang sampun Paduka paringaken dhateng umat Paduka dados tanah-pusakanipun.

37. Manawi ing nagari ngriki katempuh ing paceklik, manawi kataman ing pageblug, ama saha penyakit gandum, walang utawi walang kethaha, manawi mengsah damel rupekipun tiyang-tiyang wau wonten ing salah satunggaling kithanipun, manawi wonten wewelak utawi sesakit punapa kemawon,

38. lajeng wonten tiyang utawi umat Paduka Israel punika sadaya sami ngunjukaken pandonga sarta panyuwunan wonten ing padaleman punika kalayan ngulukaken tanganipun -- awit satunggal-satunggalipun sumerep punapa ingkang damel judheging manahipun piyambak punika --

39. Paduka mugi inggih karsaa midhangetaken wonten ing swarga, papan padaleman Paduka ingkang tetep, saha Paduka mugi karsaa paring pangapunten, karsaa tumindak tuwin paring piwales dhumateng sinten kemawon ingkang salaras kaliyan sakathahing lampah-lampahipun, awit Paduka nguningani manahipun -- amargi namung Paduka ingkang nguningani manahipun sadaya para anaking manungsa --

40. supados tiyang-tiyang wau sami ajrih dhumateng Paduka ing salaminipun sami gesang wonten ing tanah ingkang sampun Paduka paringaken dhumateng leluhur kawula sadaya.

41. Makaten ugi manawi wonten tiyang manca, ingkang boten kagolong umat Paduka Israel, ingkang dhateng saking nagari ingkang tebih margi saking asma Paduka, --

42. awit temtu badhe wonten tiyang ingkang kepengin mirengaken bab asma Paduka ingkang ageng saha bab asta Paduka ingkang santosa saha lengen Paduka ingkang Paduka acungaken -- saha dhatengipun wau prelu ndedonga wonten ing padaleman punika,

43. mugi Paduka ugi karsa midhangetaken wonten ing swarga, papan padaleman Paduka ingkang tetep, punapa dene Paduka mugi karsaa tumindak salaras kaliyan sadaya ingkang dipun unjukaken dening tiyang manca wau dhumateng Paduka, supados sadaya bangsa ing bumi sami tepang kaliyan asma Paduka, satemah sami ajrih dhumateng Paduka kados dene umat Paduka Israel saha lajeng sami sumerep, bilih asma Paduka kaucapaken tumrap ing padaleman ingkang sampun kawula degaken punika.

44. Samangsa umat Paduka ngedali perang nglawan mengsahipun, dhatenga pundi kemawon anggen Paduka ndhawuhi, tuwin manawi lajeng sami ndedonga dhumateng Pangeran Yehuwah kalayan majeng dhateng ing kitha ingkang sampun Paduka pilih saha dhateng padaleman ingkang sampun kawula degaken kagem asma Paduka,

45. Paduka mugi karsaa miyarsakaken wonten ing swarga dhateng pandonga saha panyuwunipun punapa dene Paduka mugi karsaa paring kaadilan dhumateng tiyang-tiyang wau.

46. Manawi sami tumindak dosa dhumateng paduka -- amargi boten wonten tiyang ingkang tanpa dosa -- saha Paduka lajeng duka dhateng tiyang-tiyang wau lan Paduka pasrahaken dhateng mengsah, satemah nunten sami kaboyong dados tawanan dhateng ing nagarining mengsah ingkang tebih utawi ingkang celak;

47. mangka lajeng sami enget ing salebeting manahipun wonten ing tanah pamboyongan wau, saha nunten sami mratobat tuwin sami sesambat dhumateng Paduka wonten ing tanahipun ingkang sami mboyongi punika, saha sami munjuk: Kawula sampun sami nglampahi dosa, sami kalepatan tuwin tumindak duraka,

1 Para Raja 8