1 Para Raja 7:40-51 Kitab Sutji (JAV)

40. Sabanjure Hiram uga gawe kwali, sorok lan bokor panyiraman.Mangkono anggone Hiram ngrampungake sakehing pagawean kang kudu katindakake kagem Sang Prabu Suleman kanggo padalemane Sang Yehuwah,

41. yaiku saka loro kalawan bunderaning krebil kang kapasang ing saka iku, sarta nam-naman loro kang nutupi bunderanning krebil;

42. pepethan woh dlima patang atus kanggo nam-naman mau, woh dlima rong larik kanggo nam-naman siji, kang nutupi bunderaning krebil kang ana ing sadhuwuring saka,

43. kreta-panuwak sepuluh lan jembangan sepuluh kang kaprenahake ing ndhuwur kreta;

44. “segaran” siji lan sapi rolas kang didokok ing sangisoring “segaran”;

45. kwali-kwali, sorok-sorok lan bokor-bokor panyiraman. Kabeh piranti kang digawe dening Hiram awit saka dhawuhe Sang Prabu Suleman kanggo padalemaning Sang Yehuwah iku kang digawe tembaga sinangling.

46. Sang Prabu anggone dhawuh nyithak iku kabeh ana ing Lembah Yarden ing sajroning lemah lempung ing antarane Sukot lan Sartan.

47. Sarehne akeh banget, mulane Sang Prabu Suleman ora dhawuh nimbang sakehing piranti mau; boboting tembaga iku ora kena dietung.

48. Sang Prabu Suleman uga dhawuh yasa sakehing prabote padalemaning Sang Yehuwah, yaiku misbyah emas lan meja emas kanggo nyelehake roti sesaosan;

49. padamaran emas murni, ing sisih tengen lima, lan lima ing sisih kiwa, iku kaprenahake ing ngarepe kamar mburi; pepethan kembang-kembang, lampu-lampune lan sapit-sapite, kabeh emas.

50. Bokor-bokore, lading-ladinge lan bokor-bokore panyiraman, piring-piringe lan padupan-padupane, iku kang kagawe emas murni, esel-esele lawang kamar njero, yaiku papan sucining-asuci lan esel-esele lawang kamar gedhe ing Padaleman Suci, uga emas.

51. Ing kono pakaryan kang katindakake dening Sang Prabu Suleman tumrap padalemane Sang Yehuwah, kabeh wus rampung. Sang Prabu Suleman banjur dhawuh nyimpen barang-barang kang suci kagungane Sang Prabu Dawud, ramane, lan selaka, emas sarta barang-barang mau kabeh ana ing gedhong pasimpenan ing padalemane Sang Yehuwah.

1 Para Raja 7