1 Para Raja 7:29-38 Kitab Sutji (JAV)

29. Tutup blabag kang kagapit ing wengku iku ana pepethaning singa, sapi lan kerub, samono uga ing wengkune; ing sadhuwure lan ing sangisore singa lan sapi iku ana pepethane gubahan kembang kang gumandhul.

30. Kreta-panuwak mau siji-sijine ana rodhane tembaga papat, indhene iya tembaga; sarta ing pojoke papat ana sanggane, kang nyangga jembangan. Sanggan-sanggan iku cithakan lan ing sisih njabane saben sanggan ana pepethane gubahan kembang.

31. Cangkeming kreta-panuwak iku ana ing jerone sanggan, nongol mendhuwur saasta; cangkeme iku bunder, minangka umpak, tuwin jerone karotengah asta; cangkeme iku uga ana ukir-ukirane, nanging tutupe blabag mau pesagi kabeh, dadi ora bunder.

32. Rodhane papat ana ing sangisore tutup blabag dene indhen-indhening rodha dumunung ana ing kreta-panuwak mau sarta dhuwuring rodha karotengah asta.

33. Anggone gawe rodha iku kaya rodhaning kreta; nanging indhen-indhene, wengku-wengkune, rujine lan bose, kabeh cithakan.

34. Sanggan papat kang ana ing pojoke papat kreta-panuwak iku panggawene kairas karo kreta iku.

35. Ing dhuwure kreta-panuwak iku ana blengkere bunder mubeng, dhuwure satengah asta; ing sadhuwure kreta iku uga ana cagak-cagake lan ana tutupe blabag kang panggawene kairas karo kreta mau.

36. Ing sisihe ngarep cagak-cagak lan ing tutup blabag mau ana gambare kerub, singa lan wit kurma ukir-ukiran, siji-sijine manut papane kang ana, apadene ing sakubenge ana pepethane gubahan kembang.

37. Kaya mangkono panggawene kreta-panuwak sepuluh iku; anggone nyithak padha, ukurane padha lan wangune iya padha kabeh.

38. Hiram iya gawe jembangan tembaga sepuluh, siji-sijine jembangan bisa isi banyu patang puluh bat, angaping saben jembangan patang asta sarta saben kreta-panuwak ditumpangi jembangan siji.

1 Para Raja 7