1 Para Raja 7:14-25 Kitab Sutji (JAV)

14. iku anak randha saka taler Naftali, dene bapakne iku wong Tirus, dadi tukang tembaga. Hiram iku sugih kapinteran, pangreten lan kawruh ing bab gegawean tembaga. Iku nuli sowan marang ngarsane Sang Prabu Suleman lan banjur nindakake sakehing pagawean kagem Sang Nata.

15. Hiram tumuli yasa saka tembaga loro, dhuwure kang siji wolulas asta sarta kena diubeti tali, kang dawane rolas asta; dene saka sijine uga kaya mangkono.

16. Sawuse iku uga banjur gawe krebil loro kang kaetrapake ing saka-saka mau. Iku kang digawe tembaga cithakan, dhuwuring krebil mau kang siji limang asta, dene sijine iya limang asta.

17. Krebil-krebil kang ana ing sadhuwure saka-saka mau kagawekake nam-naman loro -- nam-naman iku wujude kawat-kawat kauntir, kaya dene rante -- nam-naman kang siji kanggo saka kang siji, dene sijine kanggo saka sijine.

18. Uga banjur gawe pepethan woh dlima kang padha kapasang ing sakubenge nam-naman ing krebil kang siji, dadi rong larik, kanggo nutupi krebil kang ana ing dhuwure saka mau; krebil sijine uga kagawekake kaya mangkono.

19. Lan krebil ing dhuwure saka sacedhake bangsal ngarep iku wangune kaya kembang bakung, dhuwure patang asta,

20. yaiku krebil ing sadhuwure saka loro iku, ana ing dhuwur dhewe, ngliwati nam-naman kang tumumpang ing blendhuking krebil mau; tuwin pepethan woh dlima rong atus alarik-larik ana ing sakubenge krebil kang siji, lan mangkono uga ing sakubenge krebil sijine.

21. Saka-saka mau nuli diadegake ana ing sacedhake pendhapa agung. Nalika ngedegake saka kang tengen, iku dijenengake Yakhin; bareng ngadegake saka kang kiwa, iku dijenengake Boas.

22. Sarta sawuse pepethan kembang bakung iku kadekek ing sadhuwure saka-saka mau, panggawene saka wus rampung.

23. Sawuse mangkono Hiram banjur gawe “segaran” cithakan, kang saka pinggiran kang siji marang sijine sapuluh asta, wangune bunder kepleng, dhuwure limang asta, sarta kang kubenge padha karo tali kang dawane telung puluh asta.

24. Dene ing sangisore lambene ana gambare woh labu kang ngubengi nganti kemput, saben saasta sapuluh nganti satempuke ing “segaran”; labune mau ana rong larik, kacithak iras-irasan kalawan segarane.

25. “Segaran” mau tumumpang ing pepethan sapi rolas, telu marep ngalor, telu marep ngulon, telu marep ngidul lan telu marep ngetan; “segarane” tumumpang ing ndhuwure, dene buntute sapi-sapi iku kabeh padha mayuk manjero.

1 Para Raja 7