32. Panjenengane nganggit bebasan telung ewu, lan kidungan sewu lima.
33. Panjenengane nggubah kekidungan bab wit-witan, wiwit wit eres ing pagunungan Libanon nganti wit Hisop kang thukul ing tembok. Panjenengane uga ngandika bab kewan-kewan lan manuk-manuk tuwin bab kewan kang rumangkang sarta bab iwak-iwak.
34. Wong-wong saka sakehing bangsa padha sowan ngrungokake bab kawicaksanane Sang Prabu Suleman, apamaneh Sang Prabu kacaosan bulubekti dening para raja ing bumi, kang wus padha mireng bab kawicaksanane iku.