1 Para Raja 4:10-23 Kitab Sutji (JAV)

10. Ben-Hesed ing Arubot; wilayahe yaiku Sokho lan satanah Hefer kabeh;

11. Ben-Abinadab ngwasani tanah pagunungan Dor kabeh, garwane asma Tafat, putrane putri Sang Prabu Suleman.

12. Baana bin Ahilud ngwasani Taanakh, Megido lan sawewengkone Bet-Sean kabeh, kang dumunung ing sacedhake Sartan sangisore Yizreel, wiwit ing Bet-Sean nganti tekan ing Abel-Mehola tumeka ing sisih kanane Yokmeam.

13. Sabanjure Ben-Geber ing Ramot-Gilead, wilayahe yaiku Hawot-Yair kang ana ing Gilead; Yair iku anake Manasye. Wilayah Argob kang ana ing Basan uga klebu wewengkone, kuthane gedhe sawidak mawa balowarti lan slarak tembaga;

14. Ahinadab bin Idho manggedheni Mahanaim.

15. Sabanjure Ahimaas ing Naftali; iku uga krama karo putri putrane Sang Prabu Suleman, kang asma Basmat.

16. Sateruse Baana bin Husai ing Asyer lan ing Alot.

17. Nuli Yosafat bin Paruah ing Isakhar

18. lan Simei bin Ela ing Benyamin.

19. Geber bin Uri ing tanah Gilead ngwasani tanahe Sang Prabu Sihon, ratune wong Amori, lan tanahe Sang Prabu Og, ratu ing Basan; mung siji iku kang dadi kepala-dhaerah kang ana ing tanah kono.

20. Wong Yehuda lan wong Israel iku kehe kaya wedhi ing pinggire sagara. Kabeh padha mangan lan ngombe sarta padha suka-suka pari suka.

21. Sang Prabu Suleman ngwaosi sakehing karajan wiwit saka bengawan Efrat nganti tekan ing nagarane wong Filisti lan nganti tekan ing tapel-watese tanah Mesir. Iku padha ngaturake bulu-bekti lan tetep teluk marang Sang Prabu Suleman ing sajege sugenge.

22. Anadene cecawisan dhahar kang kagem Sang Prabu Suleman iku sadinane glepung kang becik dhewe telung puluh kor lan glepung lumrah sawidak kor,

23. sapi lemon sapuluh lan sapi ngon-ngonan rong puluh tuwin wedhus satus, iku durung ketung menjangan, kidang, menjangan tutul lan banyak ingon,

1 Para Raja 4