1. Sang Prabu Suleman iku ngratoni sawewengkone Israel kabeh.
2. Iki para panggedhene: Azarya bin Zadhok dadi imam;
3. Elihoref lan Ahia, anak-anake Sisa dadi sekretaris nagara; Yosafat bin Ahilud dadi juru gedhong;
4. Benaya bin Yoyadha dadi senapati; Zadhok lan Abyatar dadi imam.
5. Azarya bin Natan dadi panggedhening para kepala-dhaerah. Zabud bin Natan iku imam kang dadi mitrane Sang Prabu.
6. Ahisar dadi panggedhening kraton. Adoniram bin Abda dadi panggedhening pakaryan nagara.
7. Sang Prabu Suleman kagungan kepala-dhaerah rolas ana ing wewengkon Israel kabeh, kang kawajiban ngrupakake dhahare Sang Prabu dalah saisining kratone: saben kepala-dhaerah kawajiban ngladekake dhahar kanggo sesasi ing dalem setaune.
8. Iki asma-asmane: Ben-Hur ing pagunungan Efraim,
9. Ben-Deker ing Makas, ing Saalbim, ing Bet-Semes lan ing Elon-Bet-Hanan;
10. Ben-Hesed ing Arubot; wilayahe yaiku Sokho lan satanah Hefer kabeh;
11. Ben-Abinadab ngwasani tanah pagunungan Dor kabeh, garwane asma Tafat, putrane putri Sang Prabu Suleman.
12. Baana bin Ahilud ngwasani Taanakh, Megido lan sawewengkone Bet-Sean kabeh, kang dumunung ing sacedhake Sartan sangisore Yizreel, wiwit ing Bet-Sean nganti tekan ing Abel-Mehola tumeka ing sisih kanane Yokmeam.
13. Sabanjure Ben-Geber ing Ramot-Gilead, wilayahe yaiku Hawot-Yair kang ana ing Gilead; Yair iku anake Manasye. Wilayah Argob kang ana ing Basan uga klebu wewengkone, kuthane gedhe sawidak mawa balowarti lan slarak tembaga;
14. Ahinadab bin Idho manggedheni Mahanaim.
15. Sabanjure Ahimaas ing Naftali; iku uga krama karo putri putrane Sang Prabu Suleman, kang asma Basmat.
16. Sateruse Baana bin Husai ing Asyer lan ing Alot.
17. Nuli Yosafat bin Paruah ing Isakhar
18. lan Simei bin Ela ing Benyamin.