9. Milanipun Paduka mugi karsaa maringi dhumateng abdi Paduka manah ingkang saged nenimbang prakawis supados saged ngakimi umat Paduka kalayan saged mbedakaken punapa ingkang sae lan ingkang awon, awit sinten ta ingkang sagah ngakimi umat Paduka ingkang ageng sanget punika?”
10. Panyuwune Sang Prabu Suleman kang kaya mangkono iku tinemu becik ana ing ngarsane Sang Yehuwah.
11. Mulane Gusti Allah nuli ngandika marang panjenengane: “Ing sarehne iku kang dadi panyuwunira lan ora nyuwun umur dawa utawa kasugihan apa nyawaning mungsuhira, nanging kalimpadan aweh putusan ing sajroning pangadilan,
12. mulane lah Ingsun bakal nindakake kang laras karo panyuwunira iku, lah Ingsun maringi marang sira ati kang kebak kawicaksanan lan kalimpadan, nganti sadurunge sira ora ana wong siji-sijia kang kaya sira, lan sawuse sira ora bakal ana wong siji-sijia kang kaya sira.
13. Sarta kang ora sira suwun iya Sunparingake, yaiku kasugihan lan kaluhuran, satemah sajege uripira ora bakal ana wong siji-sijia kang kaya sira ing antarane para raja.
14. Lan manawa lakunira metu ing dalan kang Suntedahake lan lestari manut sakehing katetepan lan parentahingSun, padha kaya ramanira Dawud, Ingsun bakal paring tambahing umurira.”
15. Sang Prabu Suleman banjur wungu; jebul panjenengane supena. Sakondure menyang ing Yerusalem, panjenengane nuli jumeneng ana ing ngarepe pethi prajanjianing Yehuwah lan ngaturake kurban-kurban obaran lan kurban-kurban kaslametan. Sawuse mangkono Sang Prabu banjur nganakake bujana kalawan para punggawa.
16. Ing nalika samana ana wanita tuna susila loro kang marak marang ing ngarsane Sang Prabu lan banjur ngadeg ana ing ngarsane.
17. Unjuke wong wadon kang siji: “Dhuh Gusti kawula! Kawula kaliyan tiyang estri punika manggen tunggil sagriya, lan kawula nglairaken jabang bayi nalika tiyang punika wonten ing griya.
18. Sasampunipun makaten, ing dintenipun ingkang kaping tiga sasampunipun kawula, tiyang estri punika ugi nglairaken jabang bayi; kawula namung tiyang kalih punika, boten wonten tiyang sanesipun ingkang manggen sesarengan kaliyan kawula, namung kawula kekalih ingkang wonten ing griya.
19. Ing wanci dalu anakipun tiyang estri punika pejah, margi katindhihan ing piyambakipun.
20. Sareng tengah dalu piyambakipun tangi lajeng mendhet anak kawula saking ing sandhing kawula; nalika abdi dalem kawula tilem, anak kawula dipun tilemaken ing pangkonipun, dene anakipun ingkang pejah dipun tilemaken ing sandhing kawula.
21. Sareng enjing kawula tangi badhe nesepi anak kawula, bayi punika sampun tilar, nanging sareng kawula tamataken ing wanci enjing punika, katingal bilih punika sanes bayi ingkang kawula lairaken.”
22. Wong wadon sijine celathu: “Ora! Anakku kang urip, lan anakmu kang mati.” Nanging wong wadon kang kapisan celathu maneh: “Dudu! Anakmu kang mati, lan anakku kang urip.” Kaya mangkono anggone padha padu ana ing ngarsane Sang Prabu.
23. Sang Prabu banjur ngandika: “Kang siji kandha: Anakku kang urip iki lan anakmu kang mati. Sijine celathu: Dudu! Anakmu kang mati dene anakku kang urip.”
24. Sawuse mangkono Sang Prabu dhawuh: “Ingsun pundhutna pedhang!” Banjur kacaosan pedhang.
25. Sang Prabu dhawuh: “Bayi kang urip iku pedhangen dadi loro lan separo sira wenehna marang kang siji, separone marang sijine.”