1 Para Raja 21:18-20 Kitab Sutji (JAV)

18. “Sira mangkata, nemanana Akhab, ratu ing Israel kang ana ing Samaria. Wong iku lagi menyang ing kebon anggure Nabot, arep diepek.

19. Sira kandhaa marang dheweke mangkene: Pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten: Sira wus mateni lan uga wus ngrampas! Sira uga kandhaa marang wong iku: Makaten Pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Ing panggonane asu ndilati getihe Nabot, ana ing kono uga asu bakal ndilati getihira.”

20. Pangandikane Sang Prabu Akhab marang Nabi Elia: “Sira bisa ketemu kalawan ingsun ta saiki, he mungsuhingsun?” Atur wangsulane: “Inggih, pancen sapunika kawula pinanggih kaliyan panjenengan dalem, amargi panjenengan dalem sampun ndadosaken sarira dalem dados budhak kanthi patrap nglampahi punapa ingkang awon wonten ing paningaling Sang Yehuwah.

1 Para Raja 21