31. Para punggawane nuli padha munjuk marang panjenengane: “Kauningana, kawula sampun sami mireng, bilih para ratu trahing Israel punika ratu ingkang sami ambek mirah. Sumangga sami mangangge bagor ing bangkekan kita saha tangsul ing sirah kita lajeng sami medal sowan ing ngarsanipun Sang Nata ing Israel; bokmanawi panjenengan dalem lajeng dipun gesangi.”
32. Sawuse mangkono tumuli padha manganggo bagor ing bangkekane lan tali ing sirahe sarta banjur sowan marang ing ngarsane Sang Nata ing Israel tuwin munjuk: “Abdi paduka Sang Prabu Benhadad matur: Gusti kawula mugi karsaa paring gesang dhumateng kawula.” Paring wangsulane: “Apa panjenengane isih sugeng? Iku rak sadherekingsun.”
33. Wong-wong mau padha nganggep, manawa iku pratandha kang becik, mulane pangandika mau digondheli lan munjuk: “Sang Prabu Benhadad punika pancen sadherek dalem!” Sawuse mangkono Sang Prabu Akhab ngandika: “Padha mangkata, panjenengane dherekna mrene!” Dadine Sang Prabu Benhadad banjur miyos lan sowan ing ngarsane, tumuli kaajak nitih kreta.
34. Sang Prabu Benhadad matur: “Kitha-kitha ingkang karebat dening rama kawula saking rama paduka, badhe kawula unjukaken wangsul; salajengipun bokbilih paduka ngersakaken badhe yasa peken wonten ing Damsyik kagem paduka, sumangga, inggih kados dene anggenipun rama kawula yasa wonten ing Samaria.” “Dene kula piyambak,” mangkono pangandikane Sang Prabu Akhab, “badhe ngaturi panjenengan kondur sasampunipun ngawontenaken prajanjian.” Sang Prabu Akhab nuli damel prajanjian kalawan panjenengane, sarta banjur nglilani panjenengane kondur.
35. Tumuli golonganing para nabi ana siji kang tutur marang kancane marga saka dhawuhing Pangeran Yehuwah: “Aku penthungen!” Nanging kancane iku emoh menthung.
36. Iku nuli dikandhani: “Ing sarehne kowe ora ngestokake swaraning Sang Yehuwah, mulane sumurupa, salungamu saka ing ngarepku, kowe bakal katubruk ing singa.” Lan bareng wong mau lunga saka ing ngarepe, nuli kepethuk singa, kang banjur nubruk dheweke.
37. Nabi mau banjur nemoni wong liyane lan celathu: “Aku penthungen!” Tumuli iya dipenthung lan ditatoni.
38. Nabi mau tumuli lunga lan ngadeg nyegat Sang Prabu ana ing dalan, kalawan nyamur laku srana mripate dipreban.
39. Nalika Sang Prabu langkung, nabi mau nglapurake prakarane marang Sang Prabu, unjuke: “Nalika abdi dalem punika majeng dhateng ing satengahing peperangan, dumadakan wonten tiyang satunggal ingkang nilar pabarisan kaliyan mbekta tiyang dhateng ing ngajeng kula kanthi wicanten: Wong iki jaganen, manawa wong iki nganti ilang, sanadyan kanthi patrap kapriye bae, nyawamu bakal kanggo ijole, utawa kowe kudu mbayar dhuwit satalenta selaka.
40. Nalika abdi dalem saweg ewed wonten ing ngrika-ngriki, tiyang punika ical.” Sang Prabu ing Israel nuli ngandika marang wong mau: “Iya mangkono iku paukumanira, sira dhewe kang wus netepake.”
41. Wong mau nuli enggal-enggal nguculi prebaning mripate, satemah Sang Nata ing Israel mirsa, manawa iku panunggalane para nabi.
42. Nabi iku tumuli munjuk: “Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Ing sarehne sira wus ngeculake wong kang Suncadhongake supaya katumpes, mulane nyawanira bakal dadi gegentine nyawane, lan rakyatira bakal dadi gegentine rakyate.”
43. Sang Nata ing Israel nuli kondur marang ing kadhatone kalawan panggalih kang rengu lan duka, sarta banjur rawuh ing Samaria.