1 Para Raja 20:1-18 Kitab Sutji (JAV)

1. Sang Prabu Benhadad, ratu ing nagara Aram, ngempalake wadya-balane kabeh, sarta kabiyantu dening ratu telung puluh loro lan jaran tuwin kareta, banjur nglurug ngepang Samaria, kang ditempuh ing perang.

2. Sang Prabu nuli ngintunake utusan menyang ing kutha iku, kadhawuhan sowan ing ngarsane Sang Prabu Akhab, ratu ing Israel lan matur: “Makaten pangandikanipun Sang Prabu Benhadad:

3. Kagunganipun jene tuwin selaka punika gadhahan kula, saha para ingkang garwa lan ingkang putra-putra ingkang sami endah ing warni punika ugi gadhahan kula.”

4. Sang Nata ing Israel mangsuli pangandikane: “Kados dene ingkang paduka dhawuhaken, dhuh gusti kawula Sang Prabu, kawula dalah sadaya gadhahan kawula, punika kagungan paduka!”

5. Sawuse iku para utusan mau padha bali lan matur: “Makaten pangandikanipun Sang Prabu Benhadad: Pancen kula sampun utusan tiyang sowan ing ngarsa panjenengan lan matur: Kagunganipun jene saha selaka, para ingkang garwa saha para ingkang putra kedah sami panjenengan pasrahaken dhateng kula,

6. nanging benjing-enjing kinten-kinten ing wanci makaten, kula badhe ngutus para punggawa kula supados sowan ing ngarsa panjenengan saha nggledhah griyanipun para punggawa panjenengan, sarta punapa ingkang dipun tingali lan dipun pengini badhe dipun pendhet saha badhe dipun bekta.”

7. Sang Nata ing Israel banjur nimbali sakehing tuwa-tuwaning nagara, padha dipangandikani mangkene: “Padha gatekna, wong iki arep gawe cilaka kita, sabab wus utusan wong sowan ing ngarsaningsun njaluk garwa-garwaningsun lan para putraningsun, emas lan selakaningsun sarta ingsun wus saguh masrahake.”

8. Sakehing tuwa-tuwa lan rakyat kabeh padha munjuk: “Sampun dipun pidhangetaken, sampun dipun sagahi!”

9. Awit saka iku banjur ngandika marang para utusane Sang Prabu Benhadad: “Sira padha munjuka marang gustiku Sang Prabu: Sadaya pamundhut paduka dhumateng kawula ingkang kawitan, punika badhe kawula caosaken, nanging pamundhut paduka ingkang kantun punika, kawula boten saged minangkani.” Para utusan nuli padha mundur lan ngaturake wangsulan mau marang Sang Prabu Benhadad.

10. Sang Prabu Benhadad banjur utusan wong sowan ing ngarsane Sang Prabu Akhab, kadhawuhan matur: “Kula mugi dipun paringana paukuman makaten dening para allah, malah nglangkungana saking punika, manawi rakyat ingkang ndherekaken kula taksih sami saged nggegem bleduging gempuranipun Samaria.”

11. Nanging Sang Nata ing Israel mangsuli pangandikane: “Sira padha matura: Tiyang ingkang saweg nganggar pedhang sampun ngantos gumunggung kados dene tiyang ingkang sampun nyelehaken pedhangipun.”

12. Bareng Sang Prabu Benhadad, kang nalika iku lagi unjuk-unjukan karo para ratu ana ing pakuwon, midhanget pangandika kang mangkono iku, nuli ngandika marang para punggawane: “Padha tataa baris!”, banjur padha tata baris arep nglawan kutha mau.

13. Nanging dumadakan ana nabi kang sowan ing ngarsane Sang Prabu Akhab, ratu ing Israel lan matur: “Makaten pangandikaning Yehuwah: Apa sira wus ndeleng sakehing wong kang padha rame-rame iku? Lah ing dina iki iku bakal padha Sunulungake ing tanganira, supaya sira sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.”

14. Sang Prabu Akhab tumuli ndangu: “Sinten ingkang badhe mbiyantu?” Atur wangsulane: “Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Para neneman pandherekipun para kepala dhaerah.” Sang Prabu ndangu maneh: “Sinten ingkang badhe miwiti perang?” Atur wangsulane: “Panjenengan dalem!”

15. Sang Prabu banjur nacahake para nonoman pandhereke para kepala dhaerah mau. Kehe ana rong atus telung puluh loro, lan sawuse iku banjur ngetang cacahe rakyat kabeh, yaiku wong Israel kabeh. Cacahe ana pitung ewu.

16. Iku padha maju perang, nempuh ing wayah tengange, nalika Sang Prabu Benhadad lagi unjuk-unjukan nganti wuru ana ing pakuwone, bebarengan karo para ratu kang padha mbiyantu kang cacahe telung puluh loro mau.

17. Nalika para nonoman pandhereke para kepala dhaerah iku padha ndhisiki nempuh. Sang Prabu Benhadad tumuli utusan wong kadhawuhan niti-priksa, lan iku padha ngaturi uninga marang panjenengane mangkene: “Wonten tiyang ingkang sami nempuh perang saking Samaria.”

18. Sang Prabu tumuli ngandika: “Wong-wong iku, tekane apa kepengin bedhami apa arep perang, kabeh padha cekelen urip-uripan!”

1 Para Raja 20