1 Para Raja 17:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Nabi Elia, wong Tisbe ing wewengkon tanah Tisbe-Gilead, banjur munjuk marang sang Prabu Akhab: “Demi Pangeran Yehuwah ingkang gesang, Gusti Allahipun Israel ingkang kawula ladosi, lah badhe boten wonten ebun utawi jawah ing taun-taun punika, kejawi manawi kawula nglairaken tembung kawula.”

2. Nuli ana pangandikaning Pangeran Yehuwah marang panjenengane:

3. “Sira lungaa saka ing kene, lumakua mangetan lan ndhelika ana ing sapinggiring kali Kerit ing sawetane bengawan Yarden.

4. Ngombenira saka ing kali iku, lan Ingsun wus dhawuh marang manuk-manuk gagak supaya menehi mangan marang sira ana ing kono.”

5. Panjenengane banjur tindak lan nindakake apa kang kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah; panjenengane tindak lan lereb ana ing pinggiring kali Kerit ing sisih wetane bengawan Yarden.

1 Para Raja 17