1 Para Raja 15:32-34 Kitab Sutji (JAV)

32. Anadene sajege sugenge tansah ana perang ing antarane Sang Prabu Asa lan Sang Prabu Baesa, ratu ing Israel.

33. Nalika taun kang katelune ing jamane Sang Prabu Asa, ratu ing Yehuda, Sang Prabu Baesa jumeneng dadi ratuning wong Israel kabeh ana ing Tirza. Anggone ngasta paprentahan lawase patlikur taun.

34. Panjenengane tansah nglakoni apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, sarta sugenge nulad solah-tingkahe Sang Prabu Yerobeam lan dosane kang njalari wong Israel banjur padha nglakoni dosa uga.

1 Para Raja 15