Garwane Sang Prabu Yerobeam iya tumuli nindakake mangkono. Sawuse tata-tata nuli tindak menyang ing Silo sarta banjur lumebet ing daleme Nabi Ahia. Nabi Ahia wus ora bisa mirsani maneh, amarga paningale wus tidha-tidha jalaran wus sepuh.