14. Saha Pangeran Yehuwah badhe njumenengaken ratu ing Israel ingkang badhe nyirnakaken turunipun Sang Prabu Yerobeam -- kadosdene lelampahan sapunika ingkang nyata punika.
15. Sasampunipun makaten Sang Yehuwah lajeng badhe ngrangket tiyang Israel, ngantos sempoyongan kados glagah wonten ing toya, saha badhe kabedhol saking ing siti ingkang sae, ingkang sampun kaparingaken dhateng leluhuripun punika, lajeng badhe kasebar wonten ing sabrangipun benawi Efrat, amargi sampun sami damel saka-saka brahala sarta amargi saking makaten lajeng damel gerahing panggalihipun Pangeran Yehuwah.
16. Panjenenganipun badhe ngeculaken tiyang Israel margi saking dosa-dosa ingkang sampun dipun lampahi dening Sang Prabu Yerobeam saha ingkang njalari tiyang Israel inggih lajeng damel dosa.”
17. Sawuse mangkono garwane Sang Prabu Yerobeam banjur jumeneng lan tindak sarta rawuh ing Tirza. Nalika lagi jumangkah lumebet ing korining kadhaton, sang timur seda
18. lan banjur disarekake; wong Israel padha nangisi kabeh, cocog karo pangandikane Pangeran Yehuwah kang kalairake lumantar Nabi Ahia abdine.
19. Mungguh kekarene riwayate Sang Prabu Yerobeam, anggone andon perang lan anggone ngasta paprentahan, lah iku kabeh wus tinulis ing layang sejarahe para ratu ing Israel.
20. Anadene anggone Sang Prabu Yerobeam ngasta paprentahan lawase rolikur taun, nuli mapan ngaso nunggil karo para leluhure sarta kang putra banjur jumeneng ratu nggentosi panjenengane.
21. Anadene Sang Prabu Rehabeam, putrane Sang Prabu Suleman, iku kang ngasta paprentahan ing Yehuda. Nalika jumeneng ratu iku Sang Prabu Rehabeam yuswane patang puluh siji taun sarta pitulas taun anggone ngasta paprentahan ing Yerusalem, kutha kang kapilih dening Pangeran Yehuwah saka ing antarane taler Israel kabeh kagem nglestarekake asmane ana ing kono. Dene kang ibu asmane Naama, putri bangsa Amon.
22. Nanging wong Yehuda padha nglakoni apa kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah tuwin padha gawe bentering panggalihe marga dosa kang dilakoni iku ngungkuli kabeh kang ditindakake dening para leluhure.
23. Awit iya padha ngedegake papan-papan pangurbanan lan tugu-tugu brahala tuwin saka-saka brahala ana ing saben tengger kang dhuwur sarta ana ing sangisore saben wit kang ngrembuyung.
24. Malah ing nagara kono uga ana pelacuran kanggo ngibadah. Wong-wong padha nglakoni sakehing panggawe nistha kang ditindakake dening para bangsa kang wus katundhung dening Pangeran Yehuwah saka ing ngarepe wong Israel.
25. Nanging ing taun kang kalima jamane Sang Prabu Rehabeam, Sang Prabu Sisak, ratu ing nagara Mesir, rawuh lan nempuh Yerusalem.
26. Barang-barang praboting padalemane Sang Yehuwah lan barang-barang ing kraton padha dijarah-rayah; kabeh padha dirampas. Uga sakehe tameng emas yasane Sang Prabu Suleman.
27. Minangka gantine Sang Prabu Rehabeam yasa tameng-tameng tembaga, kang banjur kapasrahake marang para panggedhe prajurit kang jaga ana ing lawanging kraton.
28. Saben Sang Prabu lumebet ing padalemaning Pangeran Yehuwah, para prajurit mau kang ngampil lumebu tameng-tameng iku sarta iya prajurit-prajurit iku kang nggawa bali menyang ing kamar pajagane.